Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep nglairake. Bola-bali Drajat keprungu sambat lan jeritane bojone sing nembe berjuang ngliwati maut. Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga nunggu ana ing rumah bersalin
kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa wae sing dadi bab rembugane, kabeh kaya
ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, deweke banjur wira-wiri
kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora kepenak ati.
“Adhuh, aku ora kuwat!”
Drajat kaget. Krungu sambate Rista, Drajat kaya ditangekake saka ngimpi sing ala. Drajat banjur kelingan ana ing wayah sore nalika Rista kandha menawa dheweke mbobot. Krungu mangkono Drajat banjur mbopong Rista, dirangkul lan di ambungi. Sedina wutuh Drajat mesam-mesem dewe..
“Adhuh Gusti!”
Sambate Rista keprungu meneh. Drajat banjur ndonga, lambene ndremimil ngucapake donga. Apa meneh nalika dheweke kelingan wektu bojone kandha menawa bayi sing dikandhut kembar. Wektu kuwi, Rista banjur digendhong karo di ning-nang-gung.
“Adhuh mas, piye iki ?!”
Jebule, saben Rista sambat, pikire Drajat ibarate kaya pita kaset sing otomatis mereviuw kadadeyan sing wis kelakon. Saiki kupinge Drajat kaya-kaya rungon-rungonen nalika Rista kandha menawa miturut pemeriksaan doktere yen dheweke ora bakal isa nglairake cara normal. Bab iki amarga pinggule Rista cilik. Artine Rista kudu operasi.
“Gustiii..Gustiii..!”
Pikirane Drajat nggrambyang meneh, kelingan wektu dheweke lagi padu karo Rista. Wektu kuwi Rista ngakon Drajat ngedol Bonsai kesayangane. Tujuane, dhuwite bisa kanggo wragat operasi Caesar. Drajat ora sarujuk menawa bonsaine didol. Ora setujune Drajat, amarga bonsai mau wis bola-bali menang ing sayembara-sayembara bonsai. Kabare, bonsai mau uga wis tau dinyang karo salah sawijining kolektor ing kutha. Jane mono bonsaine Drajat okeh cacahe, nanging wektu pas iki kari loro sing rencanane amung kanggo duwen-duwen dhisik. Biyasane, bonsaine Drajat apik-apik, amarga Drajat anggone ngopeni temenan. Kanggone Drajat, bonsai wis kaya jantunge dhewe. Ya saka bonsai kuwi mau Drajat bisa ngragadi uripe.
Ning, persoalane saiki pasedhiyan bonsane Drajat sing ana ngomah amung kari loro, kuwi wae bonsai ora kanggo didol ana ing wektu cedhak. Amarga Drajat duwe feeling menawa rega bonsai mau isih bisa terus mundhak regane lantaran asringe bonsai mau entuk juara ana ing saben lomba bonsai. Durung meneh menawa dheweke kelingan jamane ndadekake bonsai mau. Nggawe bonsai sing apik mbutuhake ketlatenan, kesabaran, kaya kreasi sing elok lan improvisasi. Merga kuwi mau Drajat ora gelem ngedol bonsaine.
“Usahake lair normal wae!” ujare Drajat wektu kuwi.
***
Kahanane Rista ing kamar priksa memelas, awake wis kaya ora duwe tenaga meneh. Mungkin amarga bola-bali wis kanggo ngeden, nanging jabang bayi tetep durung gelem metu. Awake ndredheg lan kebak kringet, lambene sing cilik-tipis bola-bali ndremimil ndonga kaya maca mantra wae. Rista ngarep-arep banget supaya bojone gelem ngedol bonsaine.
Rista balik ngeden lan ngeden maneh. Tenagane kekuras, Rista ora perduli tenagane entek. Nanging tetep ora ana asile, Rista banjur pasrah ngenteni tumuruning mujijat. Mujijat sing dienteni uga ora mudhun-mudhun lan bab iki sing nyebabkake jiwane drop lan sawangane mripat kaya suwung.
Mbuh merga apa, ujug-ujug mripate ora gelem kedhep, jelalatan ndelengi sakabehe isi kamar. Sepisan ana ing pojok kiwa ana alat bantu oksigen, banjur mubeng searah jarume jam, ana cedhake lawang ana tempat sampah cilik. Terus ana ing pojok tengen ana alat bantu nglairake. Pungkasane ana ing tengene patidhur pasien ana meja pasien.
Jane, katone Rista durung arep nguwisi padelengane mau, nanging merga keganggu ana dokter sing katone lagi kesusu mlebu ana kamare Rista amarga arep nemoni dokter Bowo sing lagi nangani Rista. Mulane Rista banjur nguwisi padeleng lan genti nggatekake dokter sing lagi teka mau. Padeleng mripate Rista marang dokter Irvan, mengkono jenenge dokter mau, kaya lagi kaweruhan setan wae, mantheng lan ora kedhep babar blas. Saiki mripate Rista temuju marang kanthong ana ing klambi sragam dokter Irvan. Saktleraman ana gunting bedah.
Ora dinyana ora dikira, ujug-ujug Ristra nyaut gunting bedhah mau lan sreeeett…
“Ampuni kula Gusti, ampunilah kula Gusti!” jerite Rista melengking-lengking.
***
Krungu panjerite Rista mau, pikire Drajat nggrambyang, kelingan jaman padu karo ibune. Wektu kuwi ibune ora kandha dhisik marang Drajat, menawa bonsai kesayangane Drajat diwenehake marang dokter sing nambani penyakit kankere ibune. Nesune Drajat temenanan, malah nganti sawetara wektu Drajat ora aruh-aruh karo ibune. Malah wektu kuwi ibune banjur mulih menyang ndesane amarga ora tahan dinesoni anake dhewe. Nganti wektu ibune tinimbalan dening Gusti Allah, Drajat ora kober njaluk ngapura. Drajat sadhar ora pengin mbaleni kesalahane biyen. Ora suwe Drajat banjur ngadeg mlayu mulih arep ngedol bonsaine. Lan dhuwite arep kanggo prabeya operasi bojone.
Ora suwe Drajat olehe lunga. Saiki wis teka maneh ing rumah sakit. Sak durunge Drajat mbalik ana ing kamare Rista, dheweke tumuju ana ing kantor administrasi dhisik, arep nyerahake dhuwit kanggo operasi. Nanging pihak sing ngurusi keuangan rumah bersalin mau ngakon marang Drajat nemoni dokter Bowo dhisik. Lagi pirang jangkah Drajat mlangkah, ana swara nyeluki deweke.
“Lho, Pak Drajat ana kene ta?” Kula nggoleki sampeyan. Wonten bab wigati sing ajeng kula kandhakake.”
“Kleresan Dok, kula inggih badhe kepanggih panjenengan. Wonten bab wigati ingkang badhe kula aturaken.”
“Bab bojo sampeyan, ta?”
“Mekaten Dokter, kula kepengin bojo kula dioperasi kemawon. Kula mboten tegel kaliyan kawontenanipun bojo kula.”
“Oalah Pak, saiki anak sampeyan wis lair slamet, kembar lanang.”
“Gusti. Anakku… anakku wis lair, Dokter?!”
“Bener, pak!” dokter Bowo nyalami Drajat.
“Matur nuwun, Dokter, matur nuwun, Dokter!”
“Pak Drajat, kudhu matur nuwun karo bojo sampeyan. Amarga dheweke dhewe sing bisa marakake anak sampeyan lair slamet.”
“O, inggih Dok, pripun kahananipun bojo kula, Dokter?”
“Mangga Pak,” Dokter Bowo ngomong karo ngajak Pak Drajat nuju kamar kerjane. Drajat diajak mlebu ana kantor pribadine dokter Bowo mau. Ana ing njero kantor, dokter Bowo nglanjutake omongane.
“Wektu iku kabeh dokter mbantu supaya bojo sampeyan bisa nglairake normal. Sak tenane jabang bayi angel metune amarga bangkekane bojo sampeyan cilik, ditambah bayine kembar sisan. Mula kabeh dokter mutusake kudu operasi Caesar. Merga wis diputusake mengkono aku banjur nggoleki sampeyan, ajeng njaluk persetujuanipun.”
“Mboten napa-napa, dok. Pinten mawon beayanipun, badhe kula tanggung.”
“Sekedhap Pak Drajat…” dokter Bowo gojag-gajeg arep nerusake omonge.
“Wonten napa, Dok?
“Wektu kabeh dokter arep metu ngrembug kahanane bojo sampeyan. Rasti njupuk-nyaut gunting bedhah ana sakune dokter Irvan. Olehe njupuk gunting cepet banget. Ora nyana, bubar kuwi dheweke banjur nyuwek wetenge dhewe nganggo gunting mau. Rasti banjur njupuki dhewe jabang bayi sing ana wetenge dhewe. Mula saktenanne bojo sampeyan dhewe sing tumindak ngoperasi. Anak sampeyan slamet sakloron, ning kanthi abot manah kula ngandhakake menawa bojo sampeyan ora bisa dislametake.”
“Dhuh Gusti…Gusti ampuni kula!!” bola-bali Drajat nggetuni kahanan kuwi.
“Aku sing salah Gusti, Aku sing wis ndadekake bojo kula pejah. Ampuni kula Gusti…!! Ampuunn…!!
Raga lan jiwane Drajat drop, dhengkule kedher, jantung lan getihe kaya-kaya mandheg. Drajat ambruk ana njobin, ndlosor banjur mbrangkang lan sendhen ana tembok. Mripate mlolo ora kedhep, dheweke kelingan ibune. Susahe Drajat tambah mucuk nalika mangerteni kahanane bayine sakloron. Awake cilik menthik, malah bisa diarani kerdhil. Driji sikil karo tangane ora amung cacah lima nanging gunggung wolu, persis kaya bonsai
.***
Sumber: Majalah Penjebar Semangat Versi Online.

Tag :
Life Story
0 Komentar untuk "Cerita Pendek (Bahasa Jawa) Bonsai"
Kita sebagai Blogger yang baik, budayakanlah
berkomentar setelah membaca.
Ayo tingkatkan tali
persaudaraan kita para Blogger, khususnya Blogger
Indonesia.
Komentar sobat sangat berarti bagi saya.
1. Berikanlah komentar yang membangun, jangan
yang menjatuhkan.
2. Komentar jangan spammy, merugikan juga bagi
sobat.
3. Jangan menyertakan link hidup.